Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 40:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah,nuli iya diuningani, sarta pasambatku dipiyarsakake.

3. Aku dientasake saka luwenging bilai,lan saka ing bladhering rawa,sikilku banjur didegake ana ing parang,jangkahku dikukuhake.

4. Apadene cangkemku diparingi kidung anyar,kidung pamuji marang Allah kita,akeh wong kang padha weruh, temahan wedi,lan banjur kumandel marang Pangeran Yehuwah.

5. Rahayu wong,kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah,kang ora tumolih marang wong kang padha kumlungkung,lan marang wong kang nyimpang marang ing pambekan cidra.

6. Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken,pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya,boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka.Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken,nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.

7. Paduka boten karenan dhateng kurban sembelehan saha kurban dhaharan.Paduka sampun mbikak kuping kawula,Paduka boten mundhut kurban obaran tuwin kurban pangruwating dosa.

8. Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan;ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula;

9. dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka;sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.”

10. Kawula martosaken kaleresanwonten ing pasamuwanipun tiyang kathah;malah kawula boten mekak lambe kawula,dhuh Yehuwah, Paduka ingkang ugi mirsa.

11. Kaadilan boten kawula sidhem wonten ing manah kawula,kasetyan Paduka saha kawilujengan ingkang saking Paduka kawula rembag,katresnan saha kaleresan Paduka boten kawula sidhemwonten ing pasamuwanipun tiyang kathah.

12. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula,kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka!

maca bab lengkap Jabur 40