Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 4:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake,nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna,sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)

4. Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe;Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.

5. Nepsua nanging aja nganti gawe dosa,mosika sajroning atimu ana ing paturon,nanging tetepa meneng. (Selah)

6. Padha nyaosna kurban kang bener,sarta kumandela marang Sang Yehuwah.

7. Kathah tiyang ingkang sami mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?”Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya.

8. Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula,nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah.

9. Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem,amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.

maca bab lengkap Jabur 4