Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 4:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung.Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2. Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan,dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula.Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula,mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!

3. He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake,nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna,sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)

4. Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe;Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.

5. Nepsua nanging aja nganti gawe dosa,mosika sajroning atimu ana ing paturon,nanging tetepa meneng. (Selah)

6. Padha nyaosna kurban kang bener,sarta kumandela marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Jabur 4