Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 37:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes,nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwahiku bakal padha oleh warisan bumi.

10. Awit wektune mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna;sarta tilas panggonane bae yen kokgatekake iya wus ora ana maneh.

11. Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha oleh warisan bumi,sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakake katentreman kang linuwih.

12. Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid,sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe.

13. Nanging digegujeng ing Pangeran,amarga Pangeran mirsa, yen dinane wong iku wus cedhak.

14. Wong duraka padha ngunus pedhangelan menthang gandhewanearep mateni para wong kang sangsara lan mlarat,sarta kang jujur lakune.

15. Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe,gandhewane padha pinutung.

16. Sathithika kae barang darbeke wong mursidiku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.

maca bab lengkap Jabur 37