Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 37:30-40 Kitab Sutji (JAV)

30. Cangkeme wong mursid iku medharake kawicaksanan,sarta ilate ngucapake kaadilan.

31. Angger-anggering Allahe ana ing batine,lakune ora sleyoran.

32. Wong duraka ndingkik marang wong mursidngarah patine;

33. nanging ora diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane,Panjenengane ora bakal kendel bae samangsa dheweke diadili kaanggep duraka.

34. Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine,satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi,sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.

35. Aku weruh sawijining wong duraka kang agung-gumunggung;kang mekar kaya wit eres ing Libanon.

36. Nalika aku liwat, kok wus ora ana;dakgoleki nanging ora ketemu.

37. Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen,awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;

38. balik wong mursal padha tinumpes bebarengan,sarta para wong duraka pangarep-arepe ing tembe bakal kasirnakake.

39. Para wong mursid iku dipitulungi dening Sang Yehuwah;Panjenengane kang dadi pangayomane ing mangsa karubedan;

40. bakal padha dipitulungi dening Sang Yehuwah sarta diluwari,padha diuwalake saka ing tangane para wong duraka lan dislametake,awit padha ngungsi marang ing Panjenengane.

maca bab lengkap Jabur 37