Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 37:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Nanging digegujeng ing Pangeran,amarga Pangeran mirsa, yen dinane wong iku wus cedhak.

14. Wong duraka padha ngunus pedhangelan menthang gandhewanearep mateni para wong kang sangsara lan mlarat,sarta kang jujur lakune.

15. Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe,gandhewane padha pinutung.

16. Sathithika kae barang darbeke wong mursidiku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.

17. Amarga tangane wong duraka bakal padha ditugel,nanging wong mursid iku dikukuhake dening Pangeran Yehuwah.

18. Pangeran Yehuwah nupiksani dinane wong saleh,warisane bakal lestari ing salawase;

19. ing dina karibedan ora bakal kawirangan,lan ing mangsa paceklik iya bakal kawaregan.

20. Balik wong duraka mesthi bakal padha tumpeslan satrune Sang Yehuwah bakal padha sirna kaya kaendahane suket ing pangonan;padha sirna, padha sirna kayadene kukus.

21. Wong duraka utang, nanging ora nyaur,balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh.

22. Wong kang binerkahan ing Pangeran iku padha oleh warisan bumi,nanging kang kena ing laknate iku padha ditumpes.

23. Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah,anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran;

24. samangsa tiba ora nganti gumuling,amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.

maca bab lengkap Jabur 37