Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 34:9-23 Kitab Sutji (JAV)

9. Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!

10. He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.

11. Singa anom padha nandhang papa lan keluwen,nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik.

12. He para bocah, padha ngrungokna pituturku,kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.

13. Sapa kang seneng urip,kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?

14. Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung alasarta lambemu aja ngucapake kang cidra;

15. ngedohana piala, nglakonana kang becik,ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!

16. Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,sarta talingane midhangetake ing pasambate;

17. wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.

18. Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake,sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.

19. Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine,sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.

20. Wong mursid iku akeh rerubede,nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,

21. Panjenengane ngreksa balung-balunge,nganti ora ana kang tugel siji-sijia.

22. Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran,sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.

23. Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine,sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.

maca bab lengkap Jabur 34