8. Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah,wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!
9. Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.
10. Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;
11. nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase,tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.
12. Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe,sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!
13. Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga,lan mirsani sakehing anake manungsa;
14. saka ing padalemane nguninganisakehing isine bumi.
15. Kabeh padha diwangun atine,sarta digatosake apa sapanggawene.
16. Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane;pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.
17. Jaran iku tangeh yen marakake unggul,lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.
18. Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane,sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,
19. supaya nyawane kauwalake saka ing pati,sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.
20. Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah.Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.