Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 33:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.

6. Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah,sakehing balane dening napasing lesane.

7. Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan,samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

8. Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah,wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!

9. Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.

10. Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;

11. nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase,tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

12. Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe,sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!

maca bab lengkap Jabur 33