Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 32:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka,mumpung taksih saged pinanggih;sanadyan wontena bena ageng,boten kebenan.

7. Paduka ingkang dados pasingidan kawula,Paduka nebihaken kawula saking karibedan,Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)

8. Aku arep mulang marang kowe,dakweruhake dalan kang wajib kokambah;aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.

9. Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi,prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.

10. Wong duraka nandhang perih akeh,nanging kang kumandel marang Sang Yehuwahiku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.

11. He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah.He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka!

maca bab lengkap Jabur 32