Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 32:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawulasungsum kawula ngantos garing,kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)

5. Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka,kalepatan kawula boten kawula aling-alingi;tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)

6. Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka,mumpung taksih saged pinanggih;sanadyan wontena bena ageng,boten kebenan.

7. Paduka ingkang dados pasingidan kawula,Paduka nebihaken kawula saking karibedan,Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 32