Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 32:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang.Rahayu wong kang kaapura panerake,kang dosane kaaling-alingan!

2. Rahayu wongkang durakane ora kaetang dening Yehuwah,sarta kang atine ora kadunungan cidra!

3. Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuking salebeting panggluruh kawula sadinten muput;

4. amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawulasungsum kawula ngantos garing,kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)

5. Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka,kalepatan kawula boten kawula aling-alingi;tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)

6. Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka,mumpung taksih saged pinanggih;sanadyan wontena bena ageng,boten kebenan.

7. Paduka ingkang dados pasingidan kawula,Paduka nebihaken kawula saking karibedan,Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)

8. Aku arep mulang marang kowe,dakweruhake dalan kang wajib kokambah;aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.

maca bab lengkap Jabur 32