Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 30:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula:“Aku ora bakal gloyoran salawase!”

8. Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan,kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa;nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.

9. Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:

10. “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah,manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Padukasarta martosaken kasetyan Paduka?

11. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula,dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”

12. Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,pangangge kawula bagor Paduka rucat,kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,

13. supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Padukalan sampun ngantos kendel kemawon.Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.

maca bab lengkap Jabur 30