Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 3:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Aku leyeh-leyeh banjur turu;aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.

7. Aku ora wedi marang bala leksan,kang arep ngepung aku.

8. Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula,amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula,saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.

9. Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah,berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 3