Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 29:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!

2. Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane,padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!

3. Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu,Gusti Allah kang mulya gumludhug,Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.

4. Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.

5. Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.

6. Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet,lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.

7. Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.

8. Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan,Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.

9. Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak,malah njalari alas-alas padha gundhul,sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”

maca bab lengkap Jabur 29