Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 26:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng,sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka.

4. Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apussaha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis;

5. kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon,lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka.

6. Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan,saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,

7. kanthi ngrepekaken kidung panuwun kalayan swara sora,saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka.

8. Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Padukakaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.

9. Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa,punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah,

10. ingkang tanganipun nggegem pendamel awon,tanganipun tengen kebak reruba.

11. Naning gesang kawula kanthi manah resik;kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi.

12. Sikilku ngambah tanah kang rata;aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan.

maca bab lengkap Jabur 26