Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 26:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula,amargi lampah kawula kanthi lampah resik,kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.

2. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula;batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa.

3. Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng,sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka.

4. Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apussaha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis;

5. kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon,lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka.

6. Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan,saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,

7. kanthi ngrepekaken kidung panuwun kalayan swara sora,saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka.

8. Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Padukakaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.

9. Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa,punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah,

10. ingkang tanganipun nggegem pendamel awon,tanganipun tengen kebak reruba.

11. Naning gesang kawula kanthi manah resik;kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi.

maca bab lengkap Jabur 26