Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 25:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane,sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.

15. Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah,amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret.

16. Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi kawula,awit kawula kepencil tuwin kesrakat.

17. Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah kawula ingkang karupekan punika,mugi karsaa ngluwari kawula saking karibedan kawula!

18. Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula,saha sakathahing dosa kawula mugi kaapuntena.

19. Paduka mugi karsaa mirsani mengsah kawula, dene kathah sanget,sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula.

20. Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha mugi karsaa ngluwari kawula,sampun ngantos kawula manggih kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka.

21. Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran,awit Paduka ingkang kawula antos-antos.

22. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluwari Israel saking sakathahing karibedanipun.

maca bab lengkap Jabur 25