Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 22:13-29 Kitab Sutji (JAV)

13. Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;

14. anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawulaprasasat singa ingkang nubruk lan nggero.

15. Kawula ingesokaken kados toya,sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;manah kawula kados lilin,leleh wonten ing batos kawula;

16. kakiyatan kawula garing kados beling,ilat kawula kraket ing cethak kawula,sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.

17. Amargi kawula karubung ing segawon,grombolaning durjana ngepang kawula,sami nyuduki tangan saha suku kawula.

18. Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.

19. Sandhangan kawula sami dipun dumdum,saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.

20. Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!

21. Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.

22. Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa,tuwin saking singating bantheng.Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!

23. Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula,Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:

24. he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,padha nyaosna puji marang Panjenengane,he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane;he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.

25. Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijikmarang kanisthane wong kang katindhes,sarta ora ngaling-alingi wedanane,lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.

26. Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng;nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.

27. Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg,wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;atimu cikben urip ing salawase!

28. Poncot-poncoting bumi bakal eling marang ikulan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.

29. Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.

maca bab lengkap Jabur 22