Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 18:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Sajroning karubedanku aku nyebut marang Sang Yehuwah;sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung.Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone,sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane.

8. Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing,sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter,amarga saka mulad-mulading bebendune.

9. Kukus kumelun saka ing granane,saka ing tutuke medal geni kang memangsa,mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.

10. Langit ditiyungake, nuli tumedhak,mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.

11. Panjenengane nitih Kerub, banjur maburlan nglayang ana ing swiwining angin.

12. Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane,kang dadi tarube:yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.

13. Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilangbareng karo udan es lan mawa mengangah.

14. Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

maca bab lengkap Jabur 18