Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 18:45-51 Kitab Sutji (JAV)

45. kupingipun saweg mireng kawula kemawon,lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula;tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.

46. Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu,sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.

47. Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku,linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.

48. Gusti Allah kang malesake aku,lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,

49. kang wus ngluwari aku saka mungsuhku.Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula;kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.

50. Pramila dhuh Yehuwah, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur wonten ing antawisipun para bangsa,asma Paduka badhe kawula luhuraken kanthi kidung masmur.

51. Panjenengane ngganjar kaslametan kang linuwih marang raja kang kajumenengake,lan paring sih-rahmat marang kang dijebadi,yaiku marang Prabu Dawud lan satedhak-turune nganti ing salawase.”

maca bab lengkap Jabur 18