Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 18:36-47 Kitab Sutji (JAV)

36. Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula,asta tengen Paduka nyanggi kawula,sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.

37. Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula,temah polok kawula boten ngantos kesliyo.

38. Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng,sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;

39. inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih,sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.

40. Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang;ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.

41. Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula,sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.

42. Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungisami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.

43. Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin,kawula bucal kados blethok ing margi.

44. Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat;kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa;bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;

45. kupingipun saweg mireng kawula kemawon,lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula;tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.

46. Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu,sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.

47. Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku,linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.

maca bab lengkap Jabur 18