Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 18:31-42 Kitab Sutji (JAV)

31. Anadene Gusti Allah iku margine sampurna;kasagahane Sang Yehuwah iku murni;Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wongkang ngayom marang Panjenengane.

32. Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?

33. Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan,kang ngratakake dalanku;

34. kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjanganlan ngadegake aku ana ing pagunungan;

35. kang mulang perang tanganku,nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.

36. Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula,asta tengen Paduka nyanggi kawula,sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.

37. Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula,temah polok kawula boten ngantos kesliyo.

38. Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng,sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;

39. inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih,sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.

40. Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang;ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.

41. Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula,sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.

42. Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungisami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.

maca bab lengkap Jabur 18