Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 18:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul.

2. Unjuke mangkene:“Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!

3. Dhuh Yehuwah, peparang kawula, beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula,Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula,tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula!

4. Pinujia Pangeran Yehuwah: mangkono unjukku kalawan sora;temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.

5. Aku tinalikung ing tetalining pati,sarta tinempuh ing banjiring karusakan.

maca bab lengkap Jabur 18