Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 17:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pandongane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres,mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula;sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula,saking ing lambe ingkang boten dora.

2. Mugi kawula angsala kaadilan saking Paduka:paningal Paduka mugi nguningani punapa ingkang leres.

3. Manawi Paduka nguji dhateng manah kawula,niti kawula ing wanci dalu,saha mriksa kawulaPaduka boten badhe manggih punapa-punapa ingkang awon,ing cangkem kawula boten wonten panerak.

4. Menggah pandamelanipun tiyang,manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken,kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;

5. lampah kawula tetep ndherek ing tindak Padukasaha suku kawula boten sleyoran.

6. Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah;mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula.

7. Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok,Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengenmargi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.

maca bab lengkap Jabur 17