Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 16:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6. Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7. Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku;malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.

8. Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku,aku mesthi ora nganti keguh.

9. Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak,malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.

10. Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan;Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.

11. Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula;kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka;ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.

maca bab lengkap Jabur 16