Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 16:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Miktam. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula,amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.

2. Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula,tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”

3. Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.

4. Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

maca bab lengkap Jabur 16