Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 150:3-6 Kitab Sutji (JAV)

3. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka.Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!

4. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan,padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!

5. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring,padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!

6. Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah!Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 150