Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 15:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. Yaiku wong kang lakune tanpa cacadlan nindakake apa kang adil,apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,

3. kang ora nyebar pitenah kalawan ilate,sarta ora nindakake piala marang kancane,lan ora memada marang pepadhane;

4. kang nganggep asor marang kang ambek nistha,nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah;kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;

5. kang ora nganakake dhuwitelan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh.sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Jabur 15