Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 149:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah!Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.

2. Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake,para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.

3. Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan,sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,

4. awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate,para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.

5. Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan,padha surak-surak ana ing paturone.

6. Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane,sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen,

7. kagawe nandukake piwales marang para bangsa,lan kanggo niksa marang para suku bangsa,

8. kanggo mblenggu para ratune kalawan rante,lan para panggedhene kalawan blenggu wesi,

9. kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan.Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi.Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 149