Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 148:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane!he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit!

5. Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah,amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi.

6. Pangeran ngadegake sakabehe iku kanggo sabanjure lan ing salawase,sarta netepake paugeran kang ora kena katerak.

7. Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi,he ula-ula naga lan saindenging samodra agung;

8. he geni lan udan es, salju lan pedhut,angin prahara kang nindakake sabdane;

9. he gunung-gunung lan sakehing tetengger,sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres;

10. he para kewan alasan lan sakehing kewan,kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi.

11. He para raja ing bumi lan sakehing bangsa,para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,

12. he para jaka lan para prawan,para wong tuwa lan wong anom!

13. Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah,awit mung asmane kang luhur,kamulyane ngungkuli bumi lan langit.

14. Sungune umate wus kaluhurake,dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi,tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane.Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 148