Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 148:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga!Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur!

2. He sakehe malaekate, padha saosa puji marang Panjenengane!He wadya-balane, padha saosa puji marang Panjenengane!

3. He srengenge lan rembulan, padha saosa puji marang Panjenengane!He sakehing lintang kang gumebyar, padha saosa puji marang Panjenengane!

4. He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane!he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit!

5. Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah,amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi.

6. Pangeran ngadegake sakabehe iku kanggo sabanjure lan ing salawase,sarta netepake paugeran kang ora kena katerak.

7. Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi,he ula-ula naga lan saindenging samodra agung;

8. he geni lan udan es, salju lan pedhut,angin prahara kang nindakake sabdane;

9. he gunung-gunung lan sakehing tetengger,sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres;

10. he para kewan alasan lan sakehing kewan,kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi.

11. He para raja ing bumi lan sakehing bangsa,para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,

12. he para jaka lan para prawan,para wong tuwa lan wong anom!

maca bab lengkap Jabur 148