Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 143:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,semangat kawula sampun telas!Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula,ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur.

8. Kawula ing wanci enjing mugi kawedharana sih-kadarman Paduka,awit kawula kumandel dhumateng Paduka!Kawula mugi Paduka tedahaken margi ingkang kedah kawula ambah,awit nyawa kawula tumenga dhumateng Paduka.

9. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking satru-satru kawula,kawula ngayom dhumateng Paduka.

10. Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka,awit Paduka punika Gusti Allah kawula!Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawulawonten ing siti ingkang wradin.

11. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi saking asma Paduka,nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedan demi kaadilan Paduka.

12. Satru kawula mugi sami Paduka tumpes demi sih-susetya Paduka,saha sakathahipun tiyang ingkang ngrubedi kawula mugi Paduka sirnakaken,awitdene kawula punika abdi Paduka.

maca bab lengkap Jabur 143