Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 143:3-6 Kitab Sutji (JAV)

3. Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawulasarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti,nglebetaken kawula dhateng ing pepetengkados tiyang ingkang sampun pejah lami.

4. Nyawa kawula nglentrih lemes wonten ing batos kawula,manah kawula legeg-legeg wonten ing badan kawula.

5. Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina,kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka,kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.

6. Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka,nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 143