Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 141:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Manawi tiyang-tiyang wau kapasrahaken dhateng para hakimipun,temtu badhe mireng, bilih tembung kawula punika ngresepaken.

7. Kadosdene sela ingkang dipun sigar lan dipun remuk wonten ing siti,makaten ugi balung-balungipun sami pating slebar wonten ing cangkeming jagadipun tiyang pejah.

8. Nanging, dhuh Allah, Gusti kawula, mripat kawula tumenga dhateng Paduka,kawula ngungsi dhateng Paduka,Paduka sampun ngantos mbanting kawula.

9. Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sampun ngantos kenging ing jiret,ingkang kangge masangi kawula, saha ing kalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon.

maca bab lengkap Jabur 141