Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 141:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Tiyang mursid kajengipun nggebag saha ngukum kawula, punika katresnan;nanging lisahipun tiyang duraka sampun ngantosngrengga sirah kawula.Saestu kawula tansah ndedonga nglawan pandamelipun awon.

6. Manawi tiyang-tiyang wau kapasrahaken dhateng para hakimipun,temtu badhe mireng, bilih tembung kawula punika ngresepaken.

7. Kadosdene sela ingkang dipun sigar lan dipun remuk wonten ing siti,makaten ugi balung-balungipun sami pating slebar wonten ing cangkeming jagadipun tiyang pejah.

8. Nanging, dhuh Allah, Gusti kawula, mripat kawula tumenga dhateng Paduka,kawula ngungsi dhateng Paduka,Paduka sampun ngantos mbanting kawula.

9. Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sampun ngantos kenging ing jiret,ingkang kangge masangi kawula, saha ing kalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon.

10. Tiyang duraka sami badhe dhawah sesarengan ing jaringipun piyambak,nanging kawula saged ngoncati.

maca bab lengkap Jabur 141