Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 141:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka,kawula mugi enggal Paduka rawuhi,mugi nilingaken dhateng swanten kawula samangsa kawula sesambat dhumateng Paduka.

2. Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka,saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.

3. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngawat-awati cangkem kawula,korining lambe kawula mugi Paduka jagi.

maca bab lengkap Jabur 141