Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 140:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah,Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”

8. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula,Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.

9. Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka,sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)

10. Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak,ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.

11. Sami kaesokana ing mawa!kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.

12. Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi,tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.

13. Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes,sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa.

14. Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka,saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

maca bab lengkap Jabur 140