Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 14:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisormarang para anaking manungsa,karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budilan ngupaya Gusti Allah.

3. Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejadora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.

4. Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala,kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae,lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?

5. Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget,amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.

6. Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes,nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.

7. Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion!Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate,Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.

maca bab lengkap Jabur 14