Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 139:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Manawi badhe kawula wical gunggungipun nglangkungi cacahipun pasir;manawi kawula ngaso, jebul kawula taksih wonten ing ngarsa Paduka.

19. Dhuh Allah, tiyang duraka mugi Paduka tumpes,tiyang ingkang remen ngwutahaken rah, mugi sami sumingkira saking kawula,

20. ingkang sami nyenyamah Paduka,sarta ingkang tanpa damel anggenipun sami nglawan dhumateng Paduka.

21. Dhuh Yehuwah, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka, punapa boten kawula sengiti,saha punapa kawula boten bosen dhateng tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka?

22. Pancen sami kawula sengiti tiyang-tiyang punika,sami dados satru kawula.

23. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani,kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.

24. Paduka mugi karsaa niti-priksa, punapa lampah kawula nyleweng,sarta karsaa nuntun kawula wonten ing margi ingkang langgeng!

maca bab lengkap Jabur 139