Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 139:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula.

2. Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga,Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.

3. Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso,saha salampah-lampah kawula Paduka uningani.

4. Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan,sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.

5. Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng,lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula.

6. Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula,inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.

7. Dhateng pundi anggen kawula kesah nebihi roh Paduka,dhateng pundi anggen kawula mlajeng nilar pangayunan Paduka?

8. Manawi kawula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing ngrika,manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku.

9. Manawi kawula mabura mawi swiwinipun bangbang wetan,sarta manggena wonten ing poncoting seganten,

maca bab lengkap Jabur 139