Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 135:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. apadene ndhatengake pratandha lan kaelokanana ing satengahmu, he tanah Mesir,nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine.

10. Panjenengane kang nggecak bangsa akeh,sarta nyedani raja-raja kang santosa.

11. Sihon, ratune bangsa Amori,Og, ratu ing nagara Basyan,lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,

12. sarta tanahe diparingake dadi tanah-pusaka,tanah-pusaka marang Israel, umate.

13. Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun.Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun.

14. Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate,sarta bakal melasi marang para abdine.

15. Brahalane para bangsa iku selaka utawa mas,gaweane tangane manungsa,

16. padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu,padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng,

17. kupinge ana, nanging ora bisa ngrungokake,dalah cangkeme iya ora ana ambekane.

18. Iya kaya mangkono kaanane para wong kang gawe,sarta sakehing wong kang nganggep iku.

19. He turune Rama Israel, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah,he para turune Imam Harun, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

20. He turune Rama Lewi, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah,he, para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

21. Sang Yehuwah kasaosana puji saka ing kutha Sion,Panjenengane kang akedhaton ana ing Yerusalem.Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 135