Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 135:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!Padha ngluhurna asmaning Pangeran Yehuwah,padha luhurna, he para abdining Pangeran Yehuwah.

2. He para wong kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah,ing platarane padalemane Allah kita!

3. Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, awit Pangeran Yehuwah iku becik,asmane padha luhurna kalawan masmur,awit iku endah!

4. Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane,Israel dadi kekasihe.

5. Lah aku sumurup, yen Pangeran Yehuwah iku mahaagung,sarta Gusti kita kang ngungkuli sakehing allah.

6. Pangeran Yehuwah nindakake apa kang dadi karsane,ana ing swarga lan ing bumi,ing segara lan ing saindenging samodra agung.

7. Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi,nitahake bledheg kang mbarengi udan,angin diwetokake saka ing gedhonge.

8. Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir,manungsa lan kewan,

9. apadene ndhatengake pratandha lan kaelokanana ing satengahmu, he tanah Mesir,nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine.

10. Panjenengane kang nggecak bangsa akeh,sarta nyedani raja-raja kang santosa.

maca bab lengkap Jabur 135