Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 131:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggungsarta boten mawas kanthi kumlungkung;kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk,utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula.

2. Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula;kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun,kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.

3. He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah,wiwit samengko nganti ing salawas-lawase!

maca bab lengkap Jabur 131