Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 13:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka boten ngengeti kawula?Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula?

3. Ngantos dumugi benjing punapa anggen kawula kedah ngraosaken kwatos,sarta anggenipun manah kawula sedhih ing sadinten-dinten?ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula?

maca bab lengkap Jabur 13