Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 128:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.

2. Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu,rahayu kowe lan becik kaananmu!

3. Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang suburana ing jerone omahmu;lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitunkang ngupengi mejamu.

4. Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahanwong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

5. Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion,sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,

6. sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu!Tentrem rahayu anaa ing Israel!

maca bab lengkap Jabur 128