Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 127:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman.Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah,tanpa gawe panggarape tukange;manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita,tanpa gawe wong jaga anggone melek.

2. Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun,lan lelungguhan nganti bengi,lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa,amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu.

3. Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah,wohing wetengan iku sawijining pituwas.

4. Kaya panah ana ing tangane wong prawira,kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome.

5. Begja wong kang endhonge dikebakikalawan iku kabeh.Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugankaro mungsuh ana ing gapura.

maca bab lengkap Jabur 127