Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 125:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah,iku padha kaya gunung Sion kangora obah-obah, kang tetep ing salawase.

2. Yerusalem kinupengan ing gunung,kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate,wiwit ing samengko nganti ing salawase.

3. Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetepana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid,supaya wong mursid aja nganti padha kumranggehtangane marang piala.

4. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang saetuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.

5. Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok,mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon.Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!

maca bab lengkap Jabur 125