Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 123:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Mripat kawula tumenga dhumateng Padukaingkang adhedhampar wonten ing swarga.

2. Inggih kados mripating abdi jaleranggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun,utawi kados mripatipun abdi estrianggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri,inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita,ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun.

3. Kawula mugi sami Paduka welasi, dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka welasi,margi sampun tuwuk anggen kawula sami karemehaken;

4. nyawa kawula sampun langkung dening tuwukdhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem,tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken.

maca bab lengkap Jabur 123