Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 122:5-9 Kitab Sutji (JAV)

5. Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan,dhampare trahe Prabu Dawud.

6. Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu:“Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.

7. Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu,lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.”

8. Marga saka para sadulurku lan para mitraku,aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”

9. Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku,aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.

maca bab lengkap Jabur 122